Selasa, 26 September 2017

Eyang Putriku Gaul Banget



“Assalamu’alaikum Eyang....................”, kandhaku uluk salam nalika sowan menyang daleme Eyang.
“Wa’alaikumsalam, riyin sekedhap”, wangsulane Eyang.
Ora let suwe, lawang Eyang mbikak lawang.
“Eh, Ida dolan, mlebu-mlebu”, ngendhikane Eyang.
“Inggih Eyang”, jawabku sinambi ngambung astane Eyang.
“Sik, tak mateni komputer dhisik”, ngendhikane Eyang.
“Lha nembe napa Yang?”, pitakonku marang Eyang
“Lagi facebookan”, wangsulane Eyang
Weleh-weleh Eyang iki, gaul banget ya, batinku karo gumun. Facebookan, trus ukara-ukarane kang digunakake ngeloni trend-e jaman, jan kaya bocah enom kae. Mbokmenawa watake Eyang ngono yak-e, selalu muda, istilahe.
Sasi iki yuswane eyang jangkep sewidak papat tahun. Dadine Eyang putriku wis pensiun wolung tahun. Eyang biyene dadi perawat ing puskesmas. Kanggo ngisi wektu longgar ing masa pensiun iki, Eyang gaweyane browsing internet lan nulis ing majalah-majalah. Artikel-artikel kang ditulis Eyang biyasane babagan kasarasan, amarga jumbuh klawan profesine Eyang.  Ing daleme Eyang, ana komputer kang wis dipasang internet. Angger ana artikel kang dadi, Eyang langsung mbukak email lan ngirim artikele. Tulisane eyang uga apik, mula akeh artikele Eyang kang kapacak ing majalah-majalah.
Eyang Putri wiwite facebookan iku setahun kepungkur, nalika Eyang Kakung seda. Tirosne Eyang Putri iku kabeh dilakoni kanggo tamba sepi. Kanca-kanca facebookan-ne akeh-akehe ya keluwargane eyang dhewe, wiwit putra, putu, lan ponakan-ponakanne eyang. Sisane ya kanca-kancane Eyang kang mudeng facebook-an. Nalika aku ndeleng kancane Eyang, aku njomblak kaget, udakara ana 300-an kancane Eyang. Jumlah kang akeh kanggo ukurane Eyang kang sepuh. Gek-gek, wong kang ora dikenal, padha di-add-i mengko, batinku.
“Mengko awakmu nginep tho Ndhuk?”, pitakone Eyang.
“Inggih Yang, kula nembe libur kuliahe”, wangsulanku.
“Ya, yen ngono Eyang takmasak sing enak”, ngendhikane Eyang
“Inggih Yang, kula ewangi nggih”, kandhaku.
“Ya Ndhuk, cah wedok iku kudu kulina masak supaya yen mbesuk wis omah-omah iku ora bingung arep masak apa”, ngendhikane Eyang.
“Nggih Yang”, kandhaku karo ngguyu.
Sapa tha sing ora krasan menyang daleme Eyang kang rapi lan resik panggonane. Takkira kabeh putra-putrine Eyang trima sowan menyang daleme Eyang menawa ana preian dawa ngono. Daleme Eyang iku bentuke omah joglo kang amba banget. Senajan amba, karesikane tetep kejaga. Ing kiwa-tengene omah ditanduri wit jambu lan pelem. Yen wis wayahe woh, wis jan kathing grandhul wohe. Sakliyane kuwi kembang-kembang mawar lan melathi tukul kanthi subur, gawe senenging ati kang nyawang.
Eyang Putriku priyayine gaul. Bab iki sakjake kegawa nalika eyang isih timur. Senajan tha wong desa, pengangone Eyang ora kalah karo wong kota kae, nanging tetep ing wates-wates norma kesopanan. Akeh saiki, wong-wong merga sumuk hawane, panganggone saksenenge dhewe. Kathok dhawa diketok dadi sakpupu, semono uga rok, senenge nganggo sing cilik-cilik. Durung maneh sok-sok nganggo klambi kang kethok keleke. Yen klambi-klambi ngono kuwi pancen patute dienggo ing ngomah wae, ora ing papan-papan umum kang akeh wong nyawang.
Sakliyane kuwi, Eyang iku priyayine penak diajak gunem. Dadine, sok-sok aku curhat karo Eyang babagan masalah pribadiku. Eyang tansah maringi aku pitutur kang wicak nanging ora otoriter nalika aku bingung ngadhepi masalahku. Siji maneh sing minangka nilai plus-e Eyang yaiku pinter masak. Maeman ing daleme Eyang enak-enak pisan. Tur eyang bisa masak apa wae, saka sega soto nganti gawe spagetti. Wiwit saka klepon nganti kue dorayaki duweke doraemon.  Wiiis....betah tenan aku. Mung sayange daleme Eyang beda kabupaten karo omahe bapak-ibu, dadine mung akhir minggu aku bisa dolan. Manawa akhir minggu dulur-dulurku uga akeh kang dolan menyang daleme eyang. Saengga suasanane dadi rame. Biayasane acara kang ajeg ditindakake yaiku nonton film bareng. Dadine eyangku wis wareg nonton film, judul apa wae ngerti. Sak film “Catatan si Boy” nganti tekan “Harry Potter”
Sabtu awan iki, Eyang ngajak aku lan Mas Tono, sedulur misananku ngajak film ing bioskop. Kebeneran aku lan Mas Tono uga longgar, dadi bisa ngancani eyang. Sakwise ningali film Eyang greneng-greneng.
“Kok ora ana film basa daerah ya, umpamane Basa Jawa, Basa Sunda, utawa Basa Medura ngono”, ngendhikane Eyang.
“Lha napa tiyang –tiyang sing nonton sami ngertos basane tho Yang”, wangsulanku.
“Yo dikeki text-e ing Basa Indonesia. Film Inggris wae bisa ditampa masyarakat kok, ngapa film kang nganggo basa daerahe dhewe ora bisa ditampa. Iki mujudake rasa nasionalisme”, ngendhikane Eyang maneh
“Nggih Yang, leres niku”, wangsulane aku lan Mas Tono bebarengan.
***
            Sore iki tugas kuliahku wis rampung kabeh. Kanggo ngisi wektu longgar, taktancepake modem ing laptopku. Iseng-iseng aku mbukak facebook. Aku ndelok pemberitahuan ing facebook, ing kono ngandhakake menawa Eyang update status pirang menit kepungkur. Eyang nulis ing facebook-e: lagi galau nie. Wis jan, ngapa Eyang dadak galau barang, kaya ABG-ABG wae sing jare wong-wong isih labil. Tanpa mikir dawa, aku mateni laptop banjur sowan ing daleme Eyang. Sapa ngerti yen ana kancane, Eyang dadi ora galau.
Nalika aku teka ing ndaleme Eyang, malah Eyang kang gumun, keneng apa aku mara nanging ra telpun ndhisik.
“Tirosne Eyang galau, ndados kula mriki”, kandhaku nyoba menehi penjelasan
“Hihihihi, aku mung iseng lan gojegan Cah ayu, ra ngertia, didarani tenanan, hehehe”, ngendhikane Eyang karo gumujeng.
“Ya maturnuwun awakmu perhatian marang Eyang, kene takmasakake mie ya Ndhuk”, tambahe Eyang.
“Purun Yang”, wangsulanku karo seneng amarga kawit mau wetengku durung kisenan sega sak upa.
***
            Pirang-pirang minggu iki aku arang sowan menyang daleme Eyang. Alesane klasik, tugas kuliah akeh lan arep ujian semesteran. Sakjane ya kangen Eyang, ananging kepriye maneh. Aku mung bisa titip salam kanggo Eyang menawa Bapak Ibu arep sowan menyang daleme Eyang. Lagi enak-enak ngalamun, dumadakan HP-ku muni. Ana sms kang mlebu,  saka Eyang. Intine, Eyang maringi kabar menawa sakiki wis duwe account twitter. Tirosne Eyang, akeh artis-artis kang di follow. Gedheg-gedheg aku, wis jan, Eyangku gaul tenan....

Tandhuran Gedhang Kasiyate Sagudhang



Ing Indonesia, tanduran gedang mujudake tanduran paling akeh dhewe ing antarane tanduran woh-wohan liyane.. Tandhuran gedang (Musa spp.) asale saka Asia Tenggara, Afrika (Madagaskar), Amerika Serikat, lan Amerika Tengah. Macem-maceme tandhuran gedang ana papat, yaiku: sepisan, tandhuran gedang sing dimaem wohe tanpa dimasak dhisik, umpamane: Gedang Ambon, Susu, Raja, Cavendish, Barangan, lan Mas. Kapindho, jenis gedang sing dimaem sawise wohe dimasak, kaya ta: Gedang Nangka, Tanduk, lan Kepok. Katelu, gedang kang duwe isi kaya Gedang kluthuk lan Batu, kang luwih dimanfaatake godhonge. Kapapat, gedang  kang dijupuk serate kaya Gedang Manilla (Abaca). Tanduran gedang bisa urip ing iklim tropis, subtropis, lembab, panas, ing dataran rendah lan dataran tinggi kang dhuwure ora luwih saka 1600 saka lumahing segara Tanduran iki nyenengi lemah kang sugih humus/rabuk. Kira-kira umur 1 tahun, gedang wis bisa woh. Woh gedang kang mateng bisa awet nganti 10 dina ing tangane konsumen.
Tandhuran gedang bisa dimanfaatake saka ngisor menyang dhuwur. Wit gedhang bisa diolah dadi serat bahan klambi lan kertas. Banyu bonggol wit Gedang Gepok bisa digunakake kanggo obat disentri lan obat lara saluran kencing. Dekorasi manten umume uga migunakake wit gedang.  Sakliyane kuwi wit gedang kang ora kanggo bisa dadi pakan kewan  kaya wedhus ing musim ketiga, wayah angel  sukete. Mendhuwur maneh, perangan liya saka tanduran gedang yaiku godhong. Godhong gedhang wis lumrah digunakake kanggo bungkus panganan kaya ta: arem-arem, meniran, bothok, garang asem, lan liya-liya. Godhong gedang kang diobong, awune dicampur minyak klethik (klapa) bisa kanggo tamba tatu kobong amarga duwe sipat ngademake kulit.
Perangan sabanjure yakuwi woh gedang. Sakdurunge gedang dipangan, mesti kita langsung buka kulite gedang, lan buwang kulit gedang ing tempat sampah. Pranyata kulit gedhang bisa dimanfaatake kanggo gawe cuka. Kulit gedang kuwi mau difermentasi alkohol lan asam cuka saengga ngasilake cuka. Sakwise kulit gedang, kita ngrembug wohe. Sacara umum, kandhutan gizi ana ing woh gedang kang mateng antarane: kalori 99 kalori, protein 1,2 gram, lemak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, serat 0,7 gram, kalsium 8 mg, fosfor 28 mg, besi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vitamin B 0,08 mg, vitamin C 3 mg, dan banyu 72 mg. Woh gedang duwe telung gula alami yaiku sukrosa, fruktosa, lan glukosa kang menehi energi kanggo makarya. Kandhutan zat besi ing gedang dhuwur saengga nyegah anemia. Becike wong sing anemia dhahar pisang sedina kaping pindho. Gedang duwe kandhutan kalium kang dhuwur nanging endek kandhutan uyahe saengga bisa nyegah lan nyuda tensi. Mungguhe bocah sekolah, luwih becik mangan pisang sakdurunge budhal sekolah amarga  gedang duwe kandhutan kalsium kang dhuwur saengga bisa mundhakake daya konsentrasi. Menawa lagi susah utawa stress, becike maem gedang amarga bisa ndandani mood kang ala, nenangake sistem saraf  amarga kandhutan tryptofan lan kandhutan vitamin B kang dhuwur.  Vitamin B6 lan B12 kang dhuwur ing gedang iku uga bisa netralisir racun nikotin saka wong-wong kang ngrokok saengga bisa ngusadani saka kecanduan rokok. Kanggo wong kang gerah liver, dhahar gedang karo madu bisa ngundhakake nafsu maem saengga bisa cepet sehat. Tumrap ibu-ibu kang lagi wiwitan ngandhut ngalami muntah-muntah saben esuk utawa kasebut morning sickness, becike uga ngakeh-ngakehi maem gedang. Sakliyane kuwi gedang duwe asam folat kang becik kanggo perkembangan saraf  janin.  Kanggo remaja putri becike migunakake gedang kanggo maskeran amarga bisa ngalusake kulit. Cara gawe masker gedang yaiku gedang dijur dadi bubur, ditambahi susu lan madu, banjur dienggo maskeran 30-40 menit. Banjur diraupi nganggo banyu anget, dibilas banyu adem. Maskeran gedang iki bisa dilakoni sesasi kaping pindho. Rambut kang rontok uga bisa diusadani nganggo gedang. Gedang uga duwe khasiat kaya antasida saengga bisa netralake keasaman lambung banjur bisa ngentengake kang duwe lara weteng. Kandhutan serat kang dhuwur ing gedang uga becik kanggo nglancarake bebuwang.
Manawa pengen awet, gedang bisa diirisi cilik-cilik tipis, digoreng, lan didadekake kripik. Bisa uga digawe sale gedang, tepung gedang, ledre, lan getuk gedang. Bonggole gedang bisa digawe dhendheng. Dene jantunge gedang bisa dimasak sayur. Dipecel nganggo sambel kemiri, woalah....nyamplenge ora jamak.
Gedang pancen duwe kasiyat sakgudang akehe, nanging becike yen dhahar sakcukupe wae. Amarga barang kang keladuk mesti ora becik.
Maturnuwun

Rahasia ing Sakwalike Melinjo



Awake dhewe wis ora asing maneh karo melinjo. Wiji melinjo kang wis tuwa lan rupane abang minangka bahan kanggo gawe panganan kang banget “memasyarakat”..., emping. Sapa kang ora seneng karo emping. Panganan kremikan iki pancen renyah dipangan lan gurih rasane. Ananging akeh uga sing nyirik emping, alasane bisa marakake asam urat. Kanthi alasan iki uga akeh wong kang ora seneng karo melinjo. Kamangka melinjo iku duweni kasiyat-kasiyat kang ora sithik.
Melinjo kang duwe jeneng latin Gnetum gnemon minangka jenising tandhuran berbiji terbuka utawa Gymnospermae. Tandhuran iki paling akeh ana ing Indonesia, banjur sumebar nganti laladan ing benua Asia lan Pasifik Kulon.
Ing panalitenne Bapak Tri Agus Siswoyo, Phd, dosen Fakultas Pertanian  Universitas Jember, ngandharake menawa ekstrak oyod, godhong, wiji, lan wit melinjo ngandhut antioksidan kanggo nangkal radikal bebas. Kamangka radikal bebas iku dadi panyebabe kanker lan proses penuaan dini. Ekstrak oyod ngandhut 37,27 mg VCEAC ( Vitamin C Eqiuvalent Antioxidant Capacity/ jumlah antioksidan kang padha karo vitamin C), ekstrak godhong ngandhut 36,66 mg VCEAC, ekstrak wiji ngandhut 34,08 mg VCEAC, lan ekstrak wit ngandhut 32,52 mg VCEAC.
Melinjo manawa dikonsumsi kanthi kakehan utawa berlebihan pancen bisa micu hiperurisemia (asam urat kang linuwih) amarga ing melinjo ngandhut purin kang dhuwur. Kadar purin ing melinjo iku 50-100 mg per 100 gram bahan. Melinjo iku angger dikonsumsi kanthi sakcukupe iku ora mbebayani lan ora nyebabake asam urat. Malah kang duwe andhil kanggo micu asam urat iku minyak goreng kang dienggo nggoreng mlinjo utawa emping.
Masyarakat Jepang luwih dhisik migunakake melinjo kanggo njaga kasarasane. Kerep wong Jepang iku nyampur bubuk melinjo ing wedang tehe kanggo antuk kasiyat saka melinjo. Bab iki amarga akeh panaliten ing Jepang kang wis mbuktekake kasiyate melinjo.
Ing wiji melinjo ana kandhutan stilbenoid kanggo ngrendheti kerjane enzim lipase saengga bisa nyudha numpuke lemak ing awak. Stilbenoid uga bisa ngambat enzim amilase, saengga perombakan karbohidrat dadi glukosa kahambat utawa karendhet. Kanthi mangkono, melinjo besuk bisa dikembangake maneh dadi obat kang bisa ngontrol gula darah kanggo wong kang kena diabetes. Sakliyane kuwi ana ing paneliten kang dilakoni dening Yuki Tokunaga saka Universitas Fukui Jepang kang nuduhake manawa salad kang diwenehi ekstrak melinjo luwih awet ketimbang sing ora diwenehi ekstrak melinjo. Panaliten iki nuduhake manawa ekstrak emping bisa ngrendeti pertumbuhan bakteri, saengga bisa dadi bahan pengawet alami. Sakliyane kuwi, melinjo uga bisa kanggo obat antimikroba amarga bisa mateni mikroorganisme kang ngrugekake. Peptida Gg-AMP sing diisolasi saka wiji melinjo dipracaya duwe daya kang ngrendheti sawetara bakteri jenis gram positif lan gram negatif.
Ora sithik literatur kang nyebutake menawa godhong melinjo iku bisa nglancarake wong babaran. Carane mangkene: godhong melinjo kang ora pati alom lan ora pati enom (sedengan) dijupuk pirang iji, banjur diumbah lan diiris-iris. Irisan godhong kuwi mau banjur dipeme nganti garing. Banjur godhong kuwi mau dicos banyu panas kaya nggawe teh lan diombe sedina ping pindho nganthi umur kandhutan wolung sasi luwih.
Sakliyane iku kulit kang mbungkus wiji melinjo uga bisa digawe kripik kulit melinjo kang bisa duwe nilai ekonomis kang dhuwur. Carane gawe keripik kulit melinjo ora angel lan migunakake piranti-piranti pawon kang digunakake saben dinane, kaya ta: kompor lan wajan. Dene bahan kanggo gawe kripik kulit melinjo antarane: kulit melinjo sing isih seger lan rupane abang tuwek 3 kg, gula abang 0,7 kg, bawang putih 15 iji, cuka (25%) 10 ml, lombok abang 30 iji, godhong jeruk nipis 20 lembar, sereh cacah lima, lan uyah 25 gram. Sakdurunge gawe kripik kulit melinjo, disiapake bumbune, carane yaiku: gula abang diiris tipis-tipis, sereh digepruk, lan lombok diguwak wijine lan diiris tipis-tipis. Banjur bahan-bahan kuwi mau didhewekke dhisik. Terus awake dhewe nguleg bawang putih, godhong jeruk, lan uyah nganti alus, banjur digongso. Sakteruse gula abang, sereh, lan lombok dilebokake ing bumbu kang digongso mau lan ditambahake cuka. Diudak terus nganti mbentuk adonan bumbu kang kenthel. Banjur carane gawe kripik kulit melinjo, yaiku: kulit melinjo diumbah resik, banjur dipeme nganti garing. Banjur kulit melinjo iku digoreng udakara 5-10 menit banjur dientas. Sawise dientas kulit melinjo dilebokake ing adonan bumbu kang kenthel, lan diudak nganti rata. Sakteruse ditunggu adem lan siap diadahi.
Melinjo sakliyane dadi bahan ing sayur asem, lan digodhog dadi cemilan, uga bisa digunakake kanggo gawe panganan kang modern, kaya ta nastar keju melinjo. Bahan-bahan kanggo gawe nastar keju melinjo antarane: 125 gr mentega, 125 gr margarin, 125 gr gula alus, 1 butir kuning endhog, 175 gr emping melinjo banjur dialuske, 200 gr glepung terigu, 25 gr glepung maizena, 25 gr susu bubuk, 200 gr selai nanas, keju parut sakcukupe, lan 100 gr emping melinjo kang dialuske kanggo taburan. Carane gawe yaiku: mentega, margarin, lan gula alus dikocok suwene sakmenit, ditambahake kuning endhog, emping melinjo alus, lan keju parut, banjur diudak nganthi warata. Sakteruse awake dhewe nglebokke campuran glepung terigu, glepung maizena, lan susu bubuk sinambi diayak, najur diudak nganti warata. Adonan kang wis dadi, dibentuk bunder-bunder, banjur diisi nganggo selai nanas. Adonan kuwi mau terus digulingake ing dhuwur emping melinjo alus, lan ditata ing loyang kang sakdurunge wis diwenehi margarin. Banjur dipanggang ing oven ing suhu 1500C. Nastar keju melinjo wis siap dimaem.
             

Sumber:

 
http://atikofianti.wordpress.com/2010/10/23/khasiat-melinjo/

Kembang Matahari kang Sugih Pigunane



Kembang matahari (Helianthus annus) yaiku taneman jenis kenikir (asteraceae). Kembang matahari dudu kembang biyasa. Sakliyane endah, kembang iki sugih pigunane. Kabeh perangan ing awakke bisa dienggo. Kembang matahari iki mujudake kembang nasionale negara Cina lan kembang resmi negara bagian Kansas, Amerika Serikat.
Sejarahe Kembang Matahari
Kembang matahari ditemokake dening Fransisco Pizarro sekitar 2600 SM. Mulane kembang iki minangka salah sijine sumber pangan suku Inka ing Mexico. Sawise penaklukan dening wong Eropa, kembang iki banjur dikenalake ing Eropa lan negara liyane.
Karakteristike Kembang Matahari
            Kembang iki duweni rupa kang khas yakuwi gedhe (diametere bisa nganti 30 cm), wernane biyasane kuning padhang. Dhuwure kembang iki watara 2-3 meter  gumanthung jenise. Kembang iki duweni kelakuan kang khas yakuwi kembange mesthi ngadep srengenge utawa heliotropisme. Mula wong Prancis nyebut kembang iki kanthi istilah tournesol utawa “pengelana matahari”. Kembang matahari kasusun majemuk. Ana rong tipe kembang yaiku kembang tepi lan kembang tabung. Kembang tepi, sing uga diarani kembang lidah, mujudake kelopak gedhe sing wernane kuning padhang. Dene kembang tabung kuwi kembang kang ngasilake wiji. Ing saktandan kembang bisa kasusun nganti 2000 kembang tabung.
Manawa Ditandur
            Kembang matahari seneng marang lemah kang subur lan anget. Taneman iki cocok ditandur ana ing iklim subtropik. Menawa ing iklim tropik luwih becik ditandur ing daerah gunung. Ing daerah sing duwe iklim sedang kaya Eropa, kembang iki mung bisa ditandur ing musim semi nganti musim gugur. Manawa arep nandur kembang iki cukup nggunakake wijine.
Pigunane Akeh Banget
Kembang matahari  duweni  piguna kang akeh banget. Kabeh perangan ing tanduran iki bisa digunakake.  Ana 4 kelompok budidaya kanggo kembang matahari miturut paedahe:
1.      Kelompok Penghasil Minyak
Wiji minyak matahari manawa diproses bisa ngasilake minyak. Minyak saka kembang matahari ngandhut akeh asam linoleat. Asam linoleat minangka asam lemak tak jenuh kang becik kanggo kasarasan. Asam linoleat iki bisa ngurangi kolesterol kang ngendhep ana ing pembuluh getih. Miturut panaliten, asam linoleat kuwi manawa dikonsumsi kanthi becik bisa nyuda kemungkinan kena stroke.
2.      Kelompok Pakan Ternak
Godhong kembang matahari bisa dipanen kanggo pakan ternak. Sakliyane kuwi godhong kembang matahari bisa dienggo kanggo pupuk kompos kang nyuburake lemah.
3.      Kelompok Tanduran Hias
Kembang matahari saliyane duwe paedah, uga duwe nile seni kang dhuwur.  Kembang matahari kang kelopake macem-macem lan cabange akeh bisa dienggo tanduran hias.
4.      Kelompok Penghasil Kuaci
Wiji kembang matahari/kuaci bisa digawe panganan kang disenengi akeh wong. Sakliyane kuwi, wiji kembang matahari bisa kanggo bahan baku selai. Wiji kembang matahari uga bisa dimasak kanggo ngantekake kacang kanggo kletikan ing salad, bubur ayam, sop, lan liya-liya.
Yen diwawas saka medis, pranyata kembang matahari duwe piguna kang akeh banget, antarane:
1.      Kembang
Kanggo obat nyuda panas (antipiretik), nyuda rasa nyeri (analgetik), nyendekake tekanan darah, obat mumet, obat lara untu, lan liya-liya
2.      Oyod
Kanggo tamba obat watuk, watu ginjel, bronkhitis, nyuda rasa nyeri (analgetik), lan liya-liya
3.      Godhong
Kanggo obat radang (anti inflamasi), obat nyuda panas (antipiretik), obat malaria, lan liya-liya
4.      Wiji
Kanggo ngobati disentri, nuwuhake nafsu mangan, ngatasi masalah kang ana kaitane karo menopause
5.      Sumsum saka wit lan ngisor kembang (reseptaculum)
Kanggo ngobati kanker lambung, kanker esophagus



Kandhutane Kembang Matahari
Kembang matahari duwe kandhutan nutrisi sing ora bisa kita remehake. Wijine ngandhut protein, fosfor, lemak, magnesium, zat besi, lan potasium. Kandhutan lemak bisa nganti 50% saengga bisa dadi panganan kang maregake. Zat besi kang ana wiji kembang matahari becik kanggo nyegah anemia utawa kurang getih.
Sawise kita ngerti pigunane kembang matahari kang akeh banget, apa kita isih bisa nyelepelake kembang matahari? Pancen Gusti ALLAH Maha Agung, kabeh ingkang sampun diciptaaken mboten enten ingkang siya-siya.
Sumber:
http://matahariku.blog.dada.net
www. asianbrain.com-bunga matahari-
www. wikipedia.org-bunga matahari-

Eyang Putriku Gaul Banget

“Assalamu’alaikum Eyang....................”, kandhaku uluk salam nalika sowan menyang daleme Eyang. “Wa’alaikumsalam, riyin sekedhap...